30 June 2016

Malaikat pencabut nyawa..

By Yuni Koerniawati at June 30, 2016
Paidi karo Paijo bengi-bengi peteng ndedet nyolong jeruk neng kebon duweke pak lurah, ijek oleh setengah karung, ono asu njegog langsung mlayu buanter wedi selak konangan.
Tekan ngarep Gerbang Kuburan angker, jeruke tibo ngglundung loro, tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet-cepet ngumpet neng mburi pendoso timbang konangan.
Kiro-kiro wis aman, paidi karo paijo bagi hasil....

"Aku siji.... kowe siji.... aku siji.. kowe siji..
aku siji.. kowe siji...." Ngono terus nganti ono wong liwat, yoiku Si Kasdi sing kebetulan lagi muleh nonton wayang kulit nang bale deso, kaget lan mandeg mrinding krungu sworo aneh teko njero kuburan angker......
"Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji......."
Saking wedine Kasdi mlayu marani omahe
mbah Jolo sing cedhak soko kuburan karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh copot. banjur kasdi crito memedi suara neng kuburan angker mau.
Mbah Jolo penasaran, ngajak Kasdi ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan, ora wani mlebu. Kasdi gemeter gocekan sarunge mbah Jolo teko mburi...
Teko jero kuburan tetep krungu sworo : "Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji..."
" mbah Jolo nopo niku sworo malaikat
itung2an nyowo menungso sing sampun
dicabut ajeng dilaporke dumateng gusti sing kuwaos geh mbah?" takon kasdi bisik-bisik gemeter keweden....
"Mbuuh aku dewe ora paham" jawabe mbah Jolo karo megeng napas.....
Ora suwe ono sworo maneh teko njero
kuburan..
"Iki wis rampung kabeh, saiki kari loro neng ngarep Gerbang Kuburan kae, arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??"
Mbah jolo lan kasdi :
" Waahhh.....blaennn.....!! " Njenggirat kaget saknaliko wong loro kui mlumpat kalen mbradat mlayu keponthal-ponthal, tibo glangsaran tangi maneh nganti sandale keri.....sarunge mlorot....... " Mbaahhh....tunggu aku mbah, ojo ditinggaaaaalll......! "

0 comments:

Post a Comment

Kalau ada pertanyaan, usul/saran, atau komentar yang terkait dengan postingan-postingan saya, silakan tinggalkan pesan Anda disini.

 

Never Stop Learning Copyright © 2011 Designed by Ipietoon Blogger Template Sponsored by New Baby Shop